Berkarakter, Berwawasan, Beriman
Ing perangan kabudayan ana tetembungan kang diarani folklor. Dene ing jinise folklor ana kang diarani crita prosa rakyat. Sawijine crita prosa rakyat ing nuswantara iki antara liya yaiku Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon. Crita iki dadi sawijine crita kang ngrembaka ing Kabupaten Jombang. Bab kang narik kawigaten saka crita iki yaiku dipercaya minangka cikal bakal arane desa lan dhusun kang sumebar ing enem kecamatan ing Kabupaten Jombang. Cikal bakal arane desa lan dhusun iku adhedhasar perang tandhinge paraga sajrone crita. Anggone menehi aran kasebut dicritakake kanthi urut antarane legendha desa utawa dhusun siji klawan desa utawa dhusun liyane.
Bab kang dadi underane panliten iki, yaiku: (1) Kepriye mula bukane Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon kang nyritakake cikal bakal arane desa lan dhusun ing Kabupaten Jombang?; (2) Kepriye struktur Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon ing Kabupaten Jombang?; (3) Nilai budaya apa kang kinandhut sajrone Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon?; (4) Kepriye piguna Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon?; (5) Kepriye panemune masyarakat tumrap Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon?
Adhedhasar underane panliten ing ndhuwur, tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Kanggo ngandharake mula bukane Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon kang nyritakake cikal bakal arane desa lan dhusun ing Kabupaten Jombang, (2) Ngandharake structure crita, (3) Ngandharake nilai budaya kang kinandhut sajrone crita, (4) Ngandharake piguna crita, lan (5) Ngandharake panemune masyarakat tumrap Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon.
Panliten iki nduweni telung paedah, yaiku tumrap panliti, pamaos lan bebrayan. Tumrap panliti, panliten iki bisa digunakake minangka sarana nambah wawasan ing ilmu sastra mligine bab crita prosa rakyat yaiku legendha. Tumrap pamaos, panliten iki bisa mbiyantu pamaos kanggo sawijine rujukan saka pitakonan bab legendha arane desa lan dhusun ing Kabupaten Jombang. Tumprap bebrayan, panlite iki bisa didadekake minangka sumbangan tumrap pasinaonan sastra mligine bab folklor lisan kang ana gegayutane karo onomastis ing perangan toponimi. Kanggo siswa panliten iki uga bisa didadekake materi pembelajaran.
Babagan mula bukane Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon kang nyritakake cikal bakal arane desa lan dhusun ing Kabupaten Jombang iki nggunakake konsep legenda kang diandharake Hutomo (1991:64), yaiku crita-crita kang dening masyarakat kang nduweni crita dianggep minangka kedadeyan-kedadeyan sejarah. Bab struktur crita nggunakake konsepe Axel Orix (sajrone Dananjaja, 1984:82), yaiku ngandharake yen struktur utawa susunan crita prosa rakyat nduweni gegayutan karo hukum-hukum kang padha. Hukum-hukum kasebut diarani “Hukum-hukum Epos” (Epic Laws). Babagan nilai budaya nggunakake konsep nilai budayane Djamaris (1993:2), yaiku kang merang sistem nilai kabudayan dadi lima. Babagan pigunane crita nggunakake konsepe Hutomo (1991:69-74), yaiku ngandharake pigunane sastra lisan dadi wolung perangan. Dene kanggo medharake panemune masyarakat tumrap Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon nggunakake konsep resepsi sinkronik sastra Pradopo (2010:211).
Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon iki ditintingi kanthi metode deskriptif kualitatif. Amarga dhata kang dikumpulake awujud tembung-tembung, gambar lan ora awujud angka. Pangumpulane dhata panliten ditindakake kanthi wawanrembug, observasi, angket utawa kuestioner lan dhukumentasi.
Pratelan asile panliten iki nuduhake yen Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon dadi cikal bakal arane desa lan dhusun ing Kabupaten Jombang. Arane desa lan dhusun kang nduweni sesambungan karo crita rakyat iki ana 33. Struktur Tema utama ing Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon yaiku ngenani kautaman nindakake kuwajiban lan semangat merjuwangake bab kang diugemi. Pola alurne crita rakyat iki digambarake sajrone wujud alur segitiga tidak beralas. Paragan ing crita rakyat iki kaperang dadi loro yaiku paraga protagonis lan paraga antagonis. Adhedhasar konsep nilai budayane Djamaris, nilai budaya kang kinandhut sajrone Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon iki, yaiku: (1) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo Gustine, (2) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo manungsa liyane, (3) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo masyarakat, lan (4) nilai budaya gegayutane antarane manungsa karo awake dhewe. Dene adhedhasar konsep pigunane Hutomo, piguna kang ana sajrone crita rakyat iki antara liya, yaiku: (1) minangka sistem proyeksi, (2) minangka sarana ngesahake kabudayan, (3) minangka sarana panggulawentah anak, lan (4) minangka hiburan.
Panemu masyarakat tumrap crita iki bedha-bedha. Adhedhasar 50 angket kang disebarake 30 angket utawa 60,00% nganggep crita iki wigati, 13 angket utawa 26,00% nganggep crita iki rada wigati lan 7 angket utawa 14,00% nganggep ora wigati karo anane Crita Rakyat Kebo Kicak Karang Kejambon.
Komentar (0)